Contoh nasakah yasinan rutin

PRANOTO HADI CORO PENGAJIAN YASIN RUTIN MALAM JUM’AT
Assalamuaikum Wr.Wb
Bismillahirrohmanirohim
Alhamdulillahirobbilalamin washolatu wasalmu ngala sayidil mursalin sayidina wamaulana Muhammad SAW, wangala alihi washohbihi ajmain,
Robbi srohli shodri wayasirli amri, wahlul nguqdatan milisai yafqohul qohuli robbi sidni ngilma warzukni fahma man fungatan fidunya wal akhiroh amma ba’du,.aminn
Dumateng sesepuh, pinisepuh, poro bapak soho mas-mas jama’ah yasin ingkang kawulo hormati,.
Lan bapak utawi kang mas sohibul bet inkang kawulo bekteni sak derengipun kawulo ngaturaken menopo ingkang dados jejibahan kawulo.
Langkung rumiyen sumonggo sareng-sareng nambahi raos syukur kito, dumateng ngarso dalem ipun Allah SWT ingkang tangsah paring hidayah, inayah, kesehatan lan kesempatan sehinggo kito saget sareng-sareng makempal wonten griyo mriki kanti sehat wal’afiat mboten wonten alangan sak tunggal punopo,.amin..Allahumma amin
Sholawat soho salam ugi tetep kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjeng wonten yaumul khiamah,.  
Jama’ah yasin ingkang kawulo hormati,.
Kulo teng mriki dados talangipun shohibul bet ngaturaken sugeng rawuh sugeng lelenggahan mugi-mugi rawuh panjengan sedoyo ndadosaken manfaat lan maslahah kagem kehidupan kito fi dunya wal akhiroh,.
Lan kulo nyuwun kanthi keikhlasan penggalih panjenengan sedoyo supados nderek dongaaken arwah leluhur bapak utawi kang mas ( nama tuan rumah ) ingkang sampun sumare wonten alam kubur mugi-mugi amal kulo lan penjenengan sedoyo  di pun catet minongko amal kesahehan wonten ngarsonipun Allah SWT.. amiin
Lan ugi bapak utawi kang mas ( nama tuan rumah ) mboten saget nyediani palenggahan engkang seceko lan mbok bilih mengke wonten sodaqohan kirang duju prono, bapak utawi kang mas ( nama tuan rumah ) nyuwun agenge samudro pangasami.
Hadicoro ingdalu puniko :
1.     Kapeng sepindah Pembukaan, semonggo kito bikak hadi coro ing ndalu puniko kanti waosan basmallah sesarengan (bismillahirohmanirrohim)
2.     Kapeng kalehipun waosan yasin lan tahlil, ingkang badhe dipun imami bapak (nama)  lan dongaipun kasuwun dumateng bapak (nama) wekdal secekapipin kulo aturaken,.sumonggo,.
3.     Hadicoro kaping tigo inggih puniko kultum,.kasuwun dumateng bapak (nama), wekdal secekapipun kulo aturaken, sumonggo,.
4.     Penutup, monggo kito tutup kanti bacaan hamdalah sesarengan (alhamdulillahirobbilalamin)
Sangking kulo pribadi mbok bilih wonten kekirangan anggen kawulo ngaturaken runtuting hadicoro, kaluwo nyuwun agunge samudro pangasami.
Bilahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum  Wr.Wb

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer